Nur Sutan Iskandar

Nur Sutan Iskandar, (Sungai Batang, Sumatra Kulon 3 November 1893 - Jakarta 28 November 1975) punika satunggiling sastrawan Angkatan Balai Pustaka.

Nur Sutan Iskandar gadhah asma asli Muhammad Nur. Kadosdéné priya Minangkabau sanèsipun, Muhammad Nur pikantuk gelar nalika daup palakrama. Gelar Sutan Iskandar ingkang dipuntampi lajeng dipungandhèngaken kemawon kaliyan asma asli, lan salajengipun Muhammad Nur tumunten langkung misuwur minangka Nur Sutan Iskandar ngantos sapriki.

Saksampunipun tamat saking Sekolah Rakyat ing taun 1909, Nur Sutan Iskandar nyambut damel dados guru bantu. Taun 1919 piyambakipun ijrah dhateng Jakarta, lan nyambut damel wonten ing Balai Pustaka. Wiwitanipun dados korektor naskah karangan ngantos sampai pungkasanipun dados Pemimpin Redaksi Balai Pustaka (1925-1942). Salajengipun, Nur Sutan iskandar dipunangkat dados Kepala Pengarang Balai Pustaka, ingkang dipunasta taun 1942 dumugi taun 1945.

Nur Sutan Iskandar kauingan minangka sastrawan ingkang paling produktif ing angkatanipun. Séjénipun ngarang karya asli piyambakipun ugi nyadur lan nerjemahaken buku-buku karya pengarang asing kados Alexandre Dumas, H. Rider Haggard lan Arthur Conan Doyle.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy